Nasihat Kehidupan Dari Ronggowarsito

Rejeki iku ora iso ditiru
(Rejeki Itu Tidak Bisa Ditiru)

Senajan podo lakumu
(Walau Jalanmu Sama)

Senajan podo dodolanmu
(Walau Daganganmu Sama)

Senajan podo nyambut gawemu
(Walau Pekerjaanmu Sama)

Kasil sing ditompo bakal bedo-bedo
(Hasil Yang Diterima Akan Berbeda Satu Sama Lain)

Iso bedo nèng akèhé bondo
(Bisa Lain Dalam Banyaknya Harta)

Iso ugo ono nèng roso lan ayemé ati, yaiku sing jenengé bungah
(Bisa Lain Dalam Rasa Bahagia Dan Ketenteraman Hati)

Kabèh iku soko tresnané gusti kang moho kuwoso
(Semua Itu Lantaran Kasih Sayang Dari Tuhan Yang Maha Kuasa)

Sopo temen bakal tinemu
(Barang Siapa Bersungguh-Sungguh, Akan Menemukan)

Sopo wani rekoso bakal nggayuh mulyo
(Barang Siapa Berani Bersusah Payah, Akan Memperoleh Kemuliaan)

Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi
(Bukan Banyaknya Harta, Melainkan Berkahnya Harta Yang Menjadikan Cukup Dan Mencukupi)
Wis ginaris nèng takdiré menungso yèn opo sing urip kuwi wis disangoni soko sing kuwoso
(Sudah Digariskan Oleh Takdir, Bahwa Semua Yang Hidup Itu Sudah Diberi Bekal Oleh Yang Maha Kuasa)

Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak koyo angin sing disedhot bendinané_
(Jalan Hidup Dan Rezeki Sudah Tersedia, Dekat, Seperti Udara Yang Kita Hirup Setiap Harinya)

Nanging kadhang menungso sulap moto lan peteng atiné, sing adoh soko awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé, nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disio-sio koyo ora duwé guno
(Tetapi Kadang Manusia Silau Mata Dan Gelap Hati, Yang Jauh Kelihatan Berkilau Dan Menarik Hati, Tetapi Yang Dekat Di Depannya Dan Menjadi Tanggung Jawabnya Disia-Siakan Seperti Tak Ada Guna)



Rejeki iku wis cemepak soko gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungso soko lair tekané pati
(Rejeki Itu Sudah Disediakan Oleh Tuhan, Tidak Bakal Berkurang Untuk Mencukupi Kebutuhan Manusia Dari Lahir Sampai Mati)

Nanging yèn kanggo nuruti karep menungso sing ora ono watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet_
(Tetapi Kalau Menuruti Kemauan Manusia Yang Tidak Ada Batasnya, Semua Dirasa Kurang Membuat Gusar Di Hati Dan Pikiran)

Welingé wong tuwo, opo sing ono dilakoni lan opo sing durung ono ojo diarep-arep, semèlèhké lan yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, opo maneh kok ngrebut soko wong liyo nganggo coro sing olo, yo waé, iku bakal gawé uripmu loro, rekoso lan angkoro murko sak jeroning kaluwargo, kabeh iku bakal sirno balik dadi sakmestiné_
(Petuah orang tua, jalanilah apa yang ada di depan mata dan jangan terlalu berharap lebih untuk yang belum ada. Kalau memang milikmu niscaya akan ketemu, jikalau bukan jatahmu, apalagi hingga merebut milik orang menggunakan cara tidak baik, itu akan menciptakan hidupmu merana, sengsara dan angkara murka. Semua itu akan sirna kembali ke asalnya)

Yèn umpomo ayem iku mung biso dituku karo akèhé bondo dahno rekosoné dadi wong sing ora duwé
(Kalau Saja Ketenteraman Itu Bisa Dibeli Dengan Harta, Alangkah Sengsaranya Orang Yang Tidak Punya)

Untungé ayem iso diduwèni sopo waé sing gelem ngleremké atiné ing pecahan kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang gusti kang murbeng dumadi
(Untungnya, Ketentraman Bisa Dimiliki Oleh Siapa Saja Yang Tidak Mengagungkan Keduniawian, Suka Menolong Orang Lain, Dan Mensyukuri Hidupnya)


Sumber: Petuah Ronggo Warsito

Comments

Popular posts from this blog

Viral How To Cook A Brisket In A Roaster Oven Background

Kisah Karomah Kh. Mahrus Ali Dan Kh. Marzuqi Dahlan

Kisah Keistimewaan Membaca Shalawat Nabi